CLICK HERE FOR BLOGGER TEMPLATES AND MYSPACE LAYOUTS »
"Salam Pramuka... Selamat datang Di Gowa 13plus"
BuyBlogReviews.com

19 Januari 2010

Sedikit tentang Tembang Jawa

Tembang jawa mocopat wonten 11 (sewelas) cacahe, kang gambarake jejering manungsa awit wonten garbane ibu ngantos kapundut ing ngarsane kang Maha Kuwaos, nggih meniko :

Tembang jawa mocopat dapat digolongkankan menjadi 11 tembang, yang menggambarkan jalannya kehidupan manusia sejak didalam kandungan ibunda sampai meninggalnya untuk menghadap Yang Maha Kuasa, yaitu :

1. Maskumambang, gambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibu, sing durung kawruhan lanang apa wadon. Mas tegese durung weruh lanang dan wadon. Kumambang tegese uripe ngambang nyang kandhutane ibune.

Melambangkan embrio yang masih dalam kandungan ibunya, yang belum diketahui laki atau perempuan. Mas, artinya belum diketahui laki atau perempuan, sedangkan Kumambang, artinya hidupnya masih dialam kandungan ibundanya.


2. Mijil, ateges wis lahir jabang bayine wujud lanang apa wadon

Artinya sudah lahir didunia jenis kelamin laki atau perempuan.


3. Kinanthi, saha tembung kanthi utawa tuntun, kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan alam ndonya.

Berasal dari kata kanthi atau menuntun, yang artinya dituntun supaya dapat berjalan didunia ini.


4. Sinom, tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngansu kawruh sak akeh-akehe.

Artinya pemuda/remaja, disini yang terpenting bagi remaja agar bisa menuntut ilmu yang setinggi-tingginya.


5. Asmaradana, tegese rasa tresna, tresna marang liyan (pria lan wanita) kang kabeh mau wis dadi kodrat Illahi.

Artinya mempunyai rasa cinta kasih kepada sesamanya baik itu pria maupun wanita, karena semua itu sudah merupakan kehendak/kodrat Yang Maha Kuasa.


6. Gambuh, saka tembung jumbuh/sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk njur digathukake antarane pria lan wanita sing pada nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

Berasal dari kata nyambung/sesuai yang artinya kalau sudah pas selanjutnya dijodohkan antara pria dan wanita yang sudah saling mencintai, dengan harapan dapat menjalin kehidupan yang langgeng.



7. Dandanggula, nggambarake wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon nduwe sisihan/keluarga, duwe omah, urip cukup kanggo sakkeluargane. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine bisa diarani lagu dandanggula.

Menggambarkan seseorang yang berbahagia, apa yang dicita-citakan dapat terlaksana. Terlaksana mempunyai pasangan, mempunyai rumah, kehidupan yang kecukupan untuk keluarganya. Makanya seseorang yang sedang menemukan kebahagiaan dapat dikarakankan ibaratn lagunya dandanggula.


8. Durma, saka tembung darma/weweh. Wong yen wis rumongso kacukupan uripe banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepingin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disekunyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

Berasal dari kata pemberi. Seseorang yang merasa kecukupan hidupnya kemudian tergugah rasa kasihan kepada sanak saudara yang sedang menderita, makanya tergugah ingin membantu dan memberi pertolongan kepada siapa saja. Semua itu diberikan pertolongan sesuai ajaran agama dan rasa sosialnya kepada sesama.


9. Pangkur, saka tembung mungkur kang ateges, nyingkiri hawa nepsu angkara murka, kang dipikir tansah kepingin weweh sapadha-padha.

Berasal dari kata meninggalkan yang artinya menghindari hawa nafsu yang angkara murka, semua yang dipikirkan senantiasa berkeinginan membantu kepada sesamanya.


10. Megatruh, saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wncine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuasa.

Berasal dari kata lepas rohnya atau mati, karena sudah saatnya dipanggil menghadap kepada Yang Maha Kuasa.


11. Pucung, yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.

Kalau sudah menjadi bangkai kemudian dibungkus dengan kain putih atau dipocong sebelum dikebumikan.





Kalau Ada yg salah mohon maaf...  ^_^ n tolong segera di ingat kan...


Sumber : http://sukolaras.wordpress.com/2008/07/07/kawruh-tembang-jawa/

Kasih maem ikan e...